Jumat, 25 Maret 2011

Adicara Basa Jawa

Pranata Adicara Aqeqahan (Aqiqah) Bayi

Ingkang dipunwastani aqeqah, inggih menika adicara tasyakuran ingkang katindakaken rikala angsal momongan enggal utawi lairan jabang bayi. Adicara menika katindakaken ing dinten kapitu kaetang saking lairan. Kangge murwakani adicara, pranata adicara langkung rumiyin saenipun mangertosi kaliyan saget ngandharaken jejibahan ingkang badhe dipunlampahi ngengingi babagan adicara menika, kadosta :

* Bayi dipundulang mawi ingkang manis (kurma)
* Dipun paringi asma ingkang sae
* Salajengipun nyukur rekmanipun lare
* Lan Aqiqah (inggih menika nyembelih menda 2 menawi lare menika jaler, lan 1 menawi lare menika pawestri).

Tuladha pangandikan lan rantamaning adicara kados mekaten :

Assalamu'alaikum Warohmatullahi Wa Barokatuh Ingkang kinurmatan pinisepuh lan sesepuh, ingkang tansah dados pandam pandoming kawula dasih, ingkang kinurmatan bapak ustad, para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, ingkang boten supe tansah paring winarah babagan kautaman kaliyan pangertosan babagan leluhuring budi, para rawuh kakung putri ingkang minulya. Mangga kita sami ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Pangeran ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya, karana agung barokah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula saengga kanti kanikmatan menika kita saget makempal wonten bale wisma ing (siang) punika nembe pinaringan kanugrahan momongan enggal.

Salajengipun saderengipun kita purwakani, kula ingkang kajibah supados ndherekaken adicara punika keparenga kula maosaken rantamaning adicara inggih kados mekaten.

1. Ingkang sepisan pambuka,
2. Kalih atur pambagyaharja,
3. Kaping tiga nindakaken acara sunnah nabi,
4. Sekawan sigeg,
5. Gangsal atur pangandikan sabda tama,
6. Enem panutup,

[sunting] Pambuka

Ngancik adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka, mangga kula saha panjenengan sedaya purwakani acara punika kanthi ngaturaken dedonga wonten ngarsanipun pengeran kanthi waosan Al-Fatehah. .........................................

Matur nuwun mugi-mugi kanthi dedonga kalawau adicara punika saged kalampahan kanthi sae mboten wonten alangan setunggal punapa. Dhungkap adicara salajengipun inggih punika pambagyaharja.Dhumateng pajenenganipun ............. kula sumanggaaken.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar